Menu sarapan pasar Imogiri sego thiwul, godhong kates lan sambel terong, tempe karo tahu tambahan dewe. Dodolan wayah esuk wiwit jam 5, regane 2000 ewu entuk 4 plastik, sik neng piring iki ming sakplastik.
Kebiasaan mangan sego tiwul wis arang dilakoni wong saiki, padahal nek dikulinakake akeh manfaate sing jelas iso ngirit ora ketergantungan karo beras. Beras larang mangan tiwul kaya sing dikampanyeke FAO " Tela kanggo memenuhi kebutuhan keamanan pangan dunia lan pengembangan industri pedesaan ".Nanging sayange neng kene durung tau ono kampanye mangan tiwul nasional, misale mben dino jumat mangan tiwul, lomba masak ala chef gawe menu saka tiwul lan mangan tiwul aman dinggo kesehatan. Rata-rata saiki sing mangan okeh-okehe ming simbah-simbah ndeso, cah enom ora ono sing mangan tiwul. Nggari nunggu wektu thiwul "punah".

Tidak ada komentar:
Posting Komentar