Selasa, 13 Mei 2014

Pesisir Parangtritis



        “ Come with me, my love, to the sea
The sea of love
I wanna tell you just how much I love you
Come with me to the sea of love “
( "Sea Of Love" was written by Philip Baptiste, George Khoury )

Pesisir Parangtritis daerah kang endah nanging sayange akeh "mangan korban" wisatawan sing klelep pas lagi adus, manut simbah mbiyen iki wis dikersakake Nyi Loro kidul didhadhekake prajurite, nanging "Nyi Loro Kidul " uga luwih ganas njaluk korban 150 nyawa ben taun ing Amerika Serikat.
Manut mbah Goggle peristiwa kuwi merga Rip current utawa arus balik, yaiku arus balik sing terkonsentrasi neng daerah tertentu merga ana gosong pasir sing nutupi/mbendung banyu balik marang laut. Banjur mbentuk cekungan utawa tandon banyu. Tandon iki nek bocor banyune kesedot nuju laut, pas ono uwonge uga melu kesedot marang laut. Pantai Parangtritis uga terkenal gumuk pasire, sak donya ming ana 2, Parangtritis lan Meksiko. Material pasir iki sing asale saka Merapi, Merbabu, kali Opak, kali Progo lan pantai Parangtritis dewe. Gumuk pasir iki terbentuk saka pasir sing kegawa angin nuju daratan. Fenomena iki  sing bentuk Rip curent, dadi iso dianggep Rip curent akeh terbentuk di sepanjang pantai Parangtritis dibandingke pantai liyane. Buktine data Basarnas pesisir DIY paling mbebayani sak Indonesia sing korban lima taun kepungkur 30 uwong.
            Cara ngatasi yen kena rip current manut The National Oceanic and Atmospheric Administration (NOAA) dan Asosiasi Lifesaving Amerika Serikat (USLA) yaiku, nglangi sejajar pantai orasah dilawan, lan panik,usahake ngambang karo njaluk tulung penjaga pantai. Cara nyegah uga iso nganggo nyewa satelit, mengko ketok gambar rip curent kaya sing dinggo NOAA, Utawa nek ora iso nglangi adus neng pantai sing cedak karo penjaga pantaine. 
 Crita lagenda Nyi Loro Kidul ono apike marai narik pengunjung sing penasaran karo crita kasebut, banjur ngunjungi pantai Parangtritis. Sing ora enthuk yaiku, wong sing mati kerem ning laut dianggep dikersake  Nyi Loro Kidul, kudu digoleki sebab sing masuk akal lan iso nganggo pengalaman agar kejadian koyo mengkono iso dihindari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar